Jumat, 19 Maret 2010

SUGENG RAWUH

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Kasugengan, karahayon, dalah kasarasan mugi tansah kasarira dhumateng kita sadaya. amin.
Nuwun,
Sagunging para kadang sutrisna sastra dalah budaya Jawi, Yayasan Studi Bahasa Jawa selajengipun kasebat (YSBJ) Kanthil Grobogan punika minangka cabang saking YSBJ Kanthil Provinsi Jawa Tengah ingkang sapunika dipun suhi dening Prof Sutomo WE.
YSBJ wonten minangka wadhahing komunikasi dalah silaturahmi dhumateng para sutrisna dalah panggilut jagating satra dalah budaya Jawi saindhenging laladan Grobogan (mliginipun). Forum menika, cekakipun nggadhahi tekad dalah gegayuhan kangge nglestantunaken dalah ngrembakakaken sastra lan budaya Jawi wonten madyaning bebrayan ingkang sampun kathah ewah-ewahan swasana mordenisasi menika. Ing mangka, sastra dalah budaya Jawi menika ugi mbabar piwulang budi pekerti ingkang sae, dalah sanget migunani tumrap panggesanganipun titah ing bebrayan agung menika.
Mugi sadaya gegayuhan kita saget kabul, jinangkung dalah pikantuk berkahing Gusti. Nuwun

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar