Selasa, 23 Maret 2010

PERAN BAHASA JAWA DALAM MENANAMKAN BUDI PEKERTI BANGSA

Membangun budi pekerti siswa melalui mulok Bahasa Jawa

KEGELISAHAN mulai terjadi terhadap potret manusia yang cenderung menunjukkan sikap dan berperilaku kurang terpuji.Tindakan berselisih paham antarteman, konflik, adu domba, kurang menghargai orang lain sebagai hal yang biasa. Sementara semangat kebersamaan, tenggang rasa ( tepa selira ), gotong royong, dan pertemanan sejati sudah tidak begitu diperhatikan di kalangan masyarakat.

Di kalangan remaja maupun pelajar, kenakalan mereka sudah banyak membuat miris orang tua.Mulai dari kebiasaan tongkrongan, merokok, menenggak miras, tawuran, hingga yang lebih ekstrem seks bebas dan mencicipi narkoba.Agaknya generasi kita sudah menghadapi tantangan besar dari sebuah budaya konsumtif, pragmatis, instan, materialis, dan kekerasan.

Banyak pihak yang berpendapat, salah satu penyebab munculnya masalah ini disebabkan lunturnya nilai moral dan budi pekerti pada generasi kita. Sekarang, tidak banyak anak muda yang mampu bertutur bahasa dengan santun, berperilaku sopan terhadap orang lain, atau yang lebih tua. Budi pekerti sudah menjadi barang yang langka dan tidak dikenali lagi. Di era ini, seolah-olah anak didik hanya dipaksa untuk mendalami soal pengetahuan dan perkembangan teknologi-globalisasi yang terkadang miskin nilai moral dan tata krama.

Contoh sederhana, bagaimana seorang siswa yang sudah kesulitan membiasakan ucapan kata permisi ( nuwun sewu ) saat menghadap seorang guru, mengucapkan terima kasih ( matur nuwun ) usai menerima sesuatu. Bahkan yang lebih konyol tanpa disadari menggunakan tangan kiri tatkala memberikan barang (seuatu) kepada guru.

Guru memegang peranan penting dalam perkembangan dan pengetahuan peserta didik. Seperti tugas utamanya mencetak anak didik jadi orang yang berpengetahuan, berwawasan maju, dan berakhlak baik. Tidak terkecuali untuk menanamkan kembali nilai budi pekerti kepada siswa. Salah satu posisi yang sangat strategis dan potensial dalam menggarap perkara ini adalah guru bahasa Jawa, walaupun di mata pelajaran lain juga bisa. Kendati masih ditempatkan pada muatan lokal (mulok), materi ini diajarkan dalam kurikulum satuan pendidikan.Bahkan, sejak munculnya SK Gubernur Jawa Tengah Nomor 895.5/01/2005 Tanggal 23 Februari 2005, pelajaran ini mulai diajarkan di tataran SMA/sederajat.

Menguatkan budi pekerti
Secara etimologi, budi pekerti berasal dari kata ’’budi” dan ’’pekerti”.Budi berarti adalah gabungan pikiran dan pekerti atau perbuatan yang selaras atau baik. Penanaman idealnya harus diajarkan kepada anak sejak usia dini, baik lewat pengajar formal di sekolah, lingkungan, dan rumah tangga.

Peran guru Bahasa Jawa dalam pengajaran budi pekerti di sekolah sangat strategis. Sebab materi ini tidak sekadar mengajar tentang ilmu bahasa. Lebih dari itu mengajarkan nilai moral, budaya yang adiluhung , serta filosofinya. Dari aspek bahasanya saja dapat diukur melalui undha usuk (tingkatan) penggunaan bahasanya bagi orang tua atau yang lebih muda usianya.

Contohnya, bahasa Jawa dibedakan penggunaan kata adus (mandi) dan siram (mandi) sesuai dengan tingkat tuturnya. Jika anak kepada orang tua tentu harus menyebut bapak siram (ayah mandi), bukan bapak adus (ayah mandi). Atau kula tilem (saya tidur) dan bapak sare (ayah tidur)Kenyataannya di tengah masyarakat soal kualitas berbahasa Jawa (krama) tersebut sudah banyak yang terbolak-balik ucapannya.

Di luar aspek bahasa, yang dapat diajarkan bagi siswa seperti halnya cerita ketokohan politik Jawa zaman dulu, piwulang dari naskah (buku) kuno, nilai moral dari cerita rakyat, cerita cekak, babad, cerita pewayangan, filsafat tembang, dan masih banyak lagi. Jika semuanya diangkat dan disajikan kembali dengan baik tentu bakal jadi mutiara yang bersinar untuk menanamkan kembali nilai-nilai moral terhadap generasi ini.

Nilai moral guru
Guru adalah sebuah profesi yang butuh keahlian tersendiri. Sebab guru mempunyai peran yang sangat besar guna menyiapkan generasi bangsa yang lebih berkualitas.Seperti amanat Undang- Undang 14/2005 tentang Guru dan Dosen, guru adalah pendidik profesional dengan tugas utama mendidik, mengajar, membimbing, mengarahkan, melatih, dan mengevaluasi peserta didik pada pendidikan usia dini dari jalur pendidikan formal, pendidikan dasar, dan menengah.

Guru memerankan tugas seperti halnya seorang dokter yang akan menyembuhkan pasien. Karenanya tugas guru memiliki keahlian yan jelas. Yakni mengantarkan siswa ke arah tujuan yang diinginkan sesuai dengan minat, bakat, dan kemampuan siswa. Jika sudah demikian diharapkan generasi yang dicetak oleh guru dapat jadi manusia berpengetahuan, disiplin, berakhlak mulia, dan berperan aktif di tengah masyarakat.

Agar guru dapat menjalankan tugasnya dengan baik, selain persyaratan keahlian, guru harus mempunyai kompetensi dalam bidang pedagogik (pengajaran), kepribadian, dan sosial. Persyaratan terseut harus dipenuhi seorang guru agar dapat jadi guru yang profesional sekaligus berkualitas baik secara ilmu maupun moral. Di hadapan siswa, guru juga harus menempatkan dirinya sebagai orang tua kedua, motivator, petualang, sang pembebas dan pejuang, serta pribadi yang berjiwa profetik (Asep Umar Fahrudin, 2009).

Satuan pendidikan diharapkan mampu mencetak kader bangsa yang mumpuni dan berbudi baikMumpuni memiliki pengetahuan, kecerdasan, keterampilan, dan kemampuan dalam dalam bidang teknologi sesuai dengan perkembangan dunia. Namun begitu, siswa juga harus memiliki kematangan emosional, spiritual, dan mentalitas yang baik. Sementara agar cita-cita demikian terwujud tentu butuh dukungan masyarakat, pemerintah, serta semua pihak yang peduli terhadap masa depan generasi ini. Sri Paminto Wartawan, pengamat pendidikan dan budaya, tinggal di Grobogan

Jumat, 19 Maret 2010

ALON-ALON WATON KALAKON

'

YSBJ KANTHIL-GROBOGAN

ALAMAT: Jl Plamboyan No. 4

Sambak Indah- Purwodadi




''ALON-ALON WATON KELAKON’’

GESANGING manungsa ing alam donya menika tansah kinupeng maneka-warna kawontenan ingkang kedah kadhadha, jalaran sampun ginaris dening sang Murbeng Jagat. Inggih kanthi sebab menika, manungsa minangka titahing Gusti, tamtu kemawon kedah ngulir budi lelandhesan lantiping nalar (logika) lan landheping manah (rasa) kangge srana nggayuh karahayon ing salebetipun miyak sambekalaning kawontenan.
Pambudidaya ingkang boten ngemungaken tuwuh saking kridhaning pikir, nanging ugi sinartan weningipun manah menika tamtu kemawon badhe mijilaken kawicaksanan.
Ing sadhengah papan, ing wekdal samenika, lampahing bebrayan agung giniring dening ombyaking jaman, tumuju dhateng kawontenan ingkang katelah global. Ing ngriki masyarakat kacihna kathah ingkang bingung dening wontenipun istilah modern lan tradisi. Sami pakewuh anggenipun badhe negesi.
Tundhonipun, tetela kathah pakarti ingkang tuwuh namung kanthi pawitan “rubuh-rubuh gedhang”. Anggenipun tumindak ing salebetipun bebrayan boten beneh kados dene “belo melu seton”. Babar-pisan kecalan keblat. Saengga wontenipun namung anut grubyuk, pamrihipun sinebat tiyang ingkang modern, ngenut jaman globalisasi.
Bebrayan ing salebetipun kabudayan Jawi jebul inggih boten katilapan. Emanipun malih, nalika kedah menangi jaman ingkang bundhet kados bolah ruwet ing wekdal samenika, jebul inggih kathah ingkang sami boten “mulih” dhateng kawicaksanan (local wisdom) ingkang sampun nungkul lan wungkul ing kabudayan Jawi. Para anem mligipun, kepara malah sami dene “kelangan lacak”, boten tepung kaliyan konsep kapribaden yasanipun para luhung ing tanah Jawi.
Sinaosa kabudayan menika mila boten asipat langgeng, nanging boten kedah lajeng binucal nalika sinengguh “gapuk”. Sinten ngertos, jebul namung tiyangipun ingkang dereng wanuh lan dereng dunung teges lan ginanipun.
Saged kangge tuladha, unen-unen “alon-alon waton klakon” menika dinakwa minangka pangilon tumrap kapribaden Jawi ingkang kesed lan pasif. Saengga ngantos wonten tiyang ingkang lajeng damel unen-unen tandhingan, “cekat-ceket waton slamet”.
Jebul sinengguh wosing kawicaksanan menika mapan ing tembung ‘alon-alon’-ipun. Mangka menawi sami purun njingglengi pitutur-pituturipun para linuhung ing serat-serat kapustakan Jawi, saestu pakarti “awas” lan “eling” ingkang kedah kinanthi minangka srana nggayuh rahayu. Ceplosipun, tembung ‘alon-alon’ menika ngemu suraos tumindak ingkang sinartan kebaking pangatos-atos, sarwi deduga, reringa, watara, lan prayoga; boten grusa-grusu; tansah mawi petangan. Boten ngemungaken ngugung ‘klakon’ (asil), nanging ugi migatosaken pratitising laku. Ing ngriku, tembenipun tamtu manggih rahayuning jiwa lan raga. Boten namung ngupadi marem, sebab ingkang kedah langkung rumiyin dipun-gayuh menika raos tentrem.
Sumangga anggenipun sami badhe ananggapi: “alon-alon waton klakon” ingkang dipuntegesi pakarti kesed, pasif, pasrah-nrima tanpa daya, menapa “alon-alon waton klakon” ingkang ngemu suraos pakarti awas lan eling. Menika namung dhapur pamanggih ingkang tuwuh saking raos “melu handarbeni” dhateng edi-endahing kabudayan Jawi ingkang kebak tulusing kawicaksanan.

Semanten ugi anggen kita badha gayuh pakaryan agung, nglestantunaken dalah angrembakakaken sastra saha budaya Jawa lumatar Yayasan Studi Bahasa Jawa (YSBJ) Kanthil Kabupaten Grobogan. Tanpa manah ingkang ening, tekad ingkang gembleng, saha jumangkahing pikir miwah pakarti ingkang saestu, sengara manawi sadaya kala wau saget kasembadan kanthi sae. Mila kula atas nami organisasi tansah atur panyuwun kanthi andhaping manah dhumateng para kadang YSBJ Kanthil. Nuwun. *

UNDANGAN RAPAT

WARA-WARA
Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Kasugengan, karahayon, dalah kasarasan mugi tansah kasarira dhumateng kita sadaya. Amin
Ngaturi rawuh dhumateng para kadang pengurus dalah anggota Yayasan Studi Bahasa Jawa (YSBJ Kanthil) Kabupaten Grobogan, benjang :
Dinten : Sabtu
Surya : 3 Mei 2010
Wekdal : jam 12.00 (siang) WIB
Papan : STM Pemnas Purwodadi
Wigati : Rerembagan badhe gatining Training ot Trainer (TOT) utawi pelatihan guru bahasa Jawa ing satuan pendidikan SD/SMP/SMA/sederajat
Makaten suraosing sedhahan. Nyuwun agunging pangapunten manawi wonten kalepaten.
Matur nuwun


A/n Pengurus...

SUGENG RAWUH

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Kasugengan, karahayon, dalah kasarasan mugi tansah kasarira dhumateng kita sadaya. amin.
Nuwun,
Sagunging para kadang sutrisna sastra dalah budaya Jawi, Yayasan Studi Bahasa Jawa selajengipun kasebat (YSBJ) Kanthil Grobogan punika minangka cabang saking YSBJ Kanthil Provinsi Jawa Tengah ingkang sapunika dipun suhi dening Prof Sutomo WE.
YSBJ wonten minangka wadhahing komunikasi dalah silaturahmi dhumateng para sutrisna dalah panggilut jagating satra dalah budaya Jawi saindhenging laladan Grobogan (mliginipun). Forum menika, cekakipun nggadhahi tekad dalah gegayuhan kangge nglestantunaken dalah ngrembakakaken sastra lan budaya Jawi wonten madyaning bebrayan ingkang sampun kathah ewah-ewahan swasana mordenisasi menika. Ing mangka, sastra dalah budaya Jawi menika ugi mbabar piwulang budi pekerti ingkang sae, dalah sanget migunani tumrap panggesanganipun titah ing bebrayan agung menika.
Mugi sadaya gegayuhan kita saget kabul, jinangkung dalah pikantuk berkahing Gusti. Nuwun

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.